Nakula, nalika sliramu sumunar kinarya cahyaning rembulan, karsa ing manah iki katarik nyawang tanpa kendhat. Ngareksa saben kedhiping indah, mila kaajaiban iku langgeng ing pangelinge Mas Dewa.
Nakula sayang, manahmu nglangutake jagad lan saisine. Manah karsa melenggang tanpa wates, mabur ngliwati cakrawala. Mas kinarya kabekta déning pesona saben mripat iki nyawang sumunar endahing adek tanpa tepi.
Kepengin selirane mas kepanggih kaliyan selirane adek, manunggaling rasa ing sajroning manah, nyawijèkaké jiwa saha raga, ing tembé kawula lan sliramu dados satunggal pangrasa.
Ngarapal donga lirih marang para dewa-dewaning asmara, ngramal pangajab ing pucuking wengi. Muga mugi sliramu lan sliraku tansah kaparingi sesarengan ing satunggal dalan.
Sanadyan katresnan iki kasaput larangan — dianggep ora pantes déning jagad — nanging mas mesthi bingah tanpa upama, kabungahan kang sejati tumrap mung prasaja: nglampahi sisaning ambegan, sesarengan kaliyan adhi nganti weksaning wektu.
Duh Dek Nakula, adhining mas ingkang kinasih — sliramu bakal tansah kinreksa, kanthi sakèhing raga lan saben embusaning napas, mas bakal njaga sliramu tanpa kendhat.
Katresnané mas mboten kena diwatesi, mboten saget kabendung, lan mboten angsal kaétung déning cacahing lintang. Sanadyan para dewa ing kahyangan sami nyekseni — senadyan Arjuna, kang kawentar minangka pangeraning katresnan déning jagad, bakal kawon déning Sadewa — kula, kang manahipun wus kaserahake kagem adhiné piyambak.
Get Hiro.’s stories in your inbox
Join Medium for free to get updates from this writer.
Awite mas niku ora mung tresna, Nakula. Nanging nyawijèkaké urip lan pangajabé kagem adhi kesayangane mas siji-sijiné.
Percados kalih mas, nggih, Nakula? semesta kang amba iki, ora ana asmara kang ngungkuli tresnané Sadewa marang Nakula.
Nakula ayu, adhi mas ingkang sinayang, satemene mas boten kersa kelangan sliramu. Kados lintang kang madhangi wengi, sliramu dados pepadhang ing manah mas — wonten papan ing manah iki,
kang namung saged dipun isi déning dek Nakula.
Nakula, duluré mas ingkang paling kinasih, kelangan sliramu dados prekawis ingkang paling dipuntakuti. Dudu amarga mas kepengin nguwasani sliramu, nanging awit sliramu sampun dados tembang ing saben deguping manah iki.
Lan menawi wonten asta sesapa kang nyoba nyekel sliramu, utawi maringi laraning manahmu, mas badhé ngupaya kanthi sakathahing daya, nglangkahi alangan lan reribet jagad.
Dudu amargi nepsu utawi panggalihe bebendu, nanging amargi tresna kang ngrembaka ing sajroning dada.
Manawi takdir misahaken awake dewe, mas badhé nganggas kara-aken badai lan wengi kang peteng mareng samudra pangajab tanpa wates.
Sanadyan langit nutup dalan,
lan donya mbentang sekat ing antawisipun kita,
mas tetep badhé ngudi pepanggihan,
ngantos sliramu saged kasembadan malih
ing pangayoman lan katresnan mas.




