Member-only story
Bada
Lan tugelan-tugelané mangsa pungkasané wulan Puasa
Urung dadi anggota Médium? Waca tulisan kiyé gratis nang ngéné. 🔑🔓
Jaman ésih bocah, inyong kayané ora patia ngrasakna aboté wulan Puasa. Krasané ya pancèn suwé, tapi rasané ora ngangèl-angéli. Krasané ya dinané pancèn dawa, tapi ya rasané semono uga dawané wektu sing ana. Dadiné wulan Puasa ya téyèng deisi baé karo semangaté ngibadah. Mangsané sembayang ya sembayang. Mangsané nderes ya nderes. Ora kudu mikiri urusan dunya liya-liyané maning sing kudu tekrampungna.
Nang pungkasané londhogé mangsa, ana Bada. Dina sing wis denténi sekang adohan nang pirang-pirang menungsa. Kawit sof sembayang trawèh ésih mludag maring téras mesjid. Kawit buku kegiatan Ramadhan ésih kebek deisi ngibadah komplit. Nganti ketemu Bada, dina-dinané ènthèng. Méwah banget yakin.
Dhong wis tuwa, rasané séjèn. Wulan Puasa wis ora ènthèng kaya mauné. Padhahal jané ya dawané dina tetep patlikur jam mbok ya? Tapi mbuh kepriwé ngana-nganané, sing mauné amba dadi krasa ciut. Sing mauné dawa dadi krasa cendhek. Ujarku tembé andhing wingi ramé-ramé trawèh, dénèng ijig-ijig wis Bada. Tapi senajan kaya kuwé, Bada ya tetep baé istiméwa.








